Aku lair tanggal 14 Agustus 1996. Aku anak ke telu saka papat bersaudara. Bapane aku arane Bagus Widjayanto, ibune aku arane Nunung Kalistiyani. Kakange aku sing pertama arane Anatasia Ayu Riana Putri, sing ke loro Bisma Panji Widjaya Putra, adine aku arane Dhea Arum Oktastevanie Listiyani Putri. Awit cilik akeh nemen bakat sing aku duwe. Aku tau dadi juara 2 lomba Pidato Berbahasa Indonesia tahun 2008, juara 2 tingkat kecamatan lomba Sinopsis, juara harapan 1 lomba Khitobah Islami, trus lomba puisi. Hebat ya aku…. J
Aku pan cerita hobine aku. Sing pertama nyanyi. Aku seneng nemen nyanyi, soale nyanyi nggawe atine aku ayem tentrem. Anggur aku lagi sedih, kecewa, galau… aku nyanyi. Lagi seneng, bosen, jatuh cinta, yaa.. nyanyi. Penyanyi idolane aku Agnes Monica, penyenyi sing wis Go International, kualitase apik, lagune enak-enak, suarane apik, wonge ayu nemen maning. Saben dina aku latian nyanyi dewekan. Alhamdulillah awit lair suarane aku wis apik, jarene wong-wong ngebass mogane aku bias dadi juara pidato si. Aku kepengin nemen ngesuk gede bias nyanyi maring luar negri kaya Agnes Monica. Tolong doane ya…. J
Hobine aku sing keloro berkarya. Pada bae karo nyanyi, saben suasana atine aku seneng apa sedih istilahe galau aku nggawe karya. Misale angger lagi patah hati nggawe puisi, aku wonge melankolis, bahasane apik, hanyut lah… wis akeh nemen puisi-puisi sing wis aku ciptakna, tapi ilang kabeh!!!! Haduhh… piye…!!! Selaine kuwe aku seneng bereksplorasi karo cerita-cerita sing aku alami dadi cerpen, novel. Pokoke aku luwih seneng berkarya ketimbang ngitung matematika, apa maning fisika!!!
Hobine aku sing ke telu dance Hip Hop.aku ngefans karo Robert Muraine. Bisa ngedance robotic. Aku nduwe videone, kerennn nemen. Aku pengen bisa terkenal kaya Brandon, Fay Nabila, Ale Soul, JB terus idolane aku sing paling aku seneng Bisma Karisma SM*SH. Bisma bisa breakdance, new style, popping, locking, wackin, headspin. Aku wis cinta nemen karo hobine aku sing siji kiye. Apa maning aku wis olih pengalaman melu lomba dance, tampil ning ngarep wong akeh, perpisahan sekolah. Perpisahan taun kelulusane aku kiye aku kudu tampil sing apik, keren, dadine penampilane aku nggawe guru-guru ke inget karo aku, apa maning kanca-kancaku, hehehe J
Wis semono bae ya, aku cerita hobine aku. Moga bisa manfaat karo kanca-kanca kabeh sing baca. Bisa dadi inspirasi sing positif J
Tidak ada komentar:
Posting Komentar